Jaman Kuliah

Jaman Kuliah
From pixabay.com

Jamanku biyen kuliah, semester siji wis nguplek-uplek William Shakespeare. Mendhing basa Inggris baku (British English), sing kudu disinau kuwi Old English.

Walah dadine kene yo ming blekak-blekuk. Ning merga kabeh kanca tataran basa Inggrise padha, yoh padha-padha ora dhonge.

Jaman semana durung ana mbah Google, internet, email wae lagi wiwitan. Wah dadi konangan nek wis sepuh iki.

Olehku sinau basa Inggris nganggo kamus Oxford sing gedhi, sinambi ngrungokke lagu-lagune Beatles, Queen, Scorpion, Lionel Ritchie, Deep Purple. Kaset disetel bola bali, nganti pitane pedhot. Kejaba kuwi, aku nyoba nulis lirik lagu basa Inggris, sakecekele.

Angger numpak kol kampus budhal utawa mulih kuliah, nyoba praktek ngomong Inggris karo kancaku. Ngono kuwi wis bangga tenan aku. Yoh ora ketang pating blasur, ning wis ana niat lan kendel. Salah yo ben. Hehehe....

Jebul aku luwih lanyah yen ngomong tinimbang nulis. Mata kuliah Speaking, Reading, Listening, bijiku apik-apik. Tekan Writing, bijine njemblok. La angger entuk pe-er nulis, tulisanku sederhana banget. Kamangka kanca-kancaku nulise isa nggladrah mrana-mrene, tekan ngendi-endi, tur berbunga-bunga. Karang cah Sastra.

Wiwit sepisanan mlebu Fakultas Sastra, yen saiki Fakultas Ilmu Budaya, sing tak sinau saka kamus Oxford ki pisuhan basa Inggris dhisik. Dadine yen nonton film Amerika, aku dhong yen pemainne dha misuh-misuh. Yen saiki aku mbayangke jaman biyen, kok lucu ya. Sing disinau pisuhan dhisik.

Terus pokokmen aku nyoba niru logat lan pengucapan, saka lagu, utawa saka film. Jebul nek sinau basa ki ya kaya ngono prosese. Kudu praktek terus.

Swargi dosenku pak Alex Horo Rambadetta ngendika,

"Basamu wis apik yen kowe ngimpi nganggo basa kuwi".

Horotoyoh piye carane. Wong ngimpi basa Indonesia we ora nate je.

Kuliah tak tempuh pirang-pirang taun. La wong mlebune angel je, banjur sekolahe diawet-awet ora enggal lulus. Hahaha iki ming alesan wae, merga sekolah disambi kerja, ngajar basa Inggris neng endi-endi.

Skripsiku mbahas "Out of Africa", buku karyane Karen Blixen. "Nom de Plume" penulis Denmark, Isak Dinesen. Iki memoir panjenengane pas manggon neng Africa, lan nduweni perkebunan kopi ing Kenya taun 1914 - 1931.

Skripsi kok le rampung tahunan. Akhire aku kudu maju ujian pendadaran. Pembimbingku bapak Dr Stephanus Djawanai, panjenengane kapetung dosen killer, kereng. Diuji dosen telu, kalebu ibu Yuliasih. Sakwise diuplek-uplek skripsiku, rong jam akhire rampung. Klambiku wis teles, gemrobyos kringetku sakjagung-jagung. Alhamdullillah sida lulus, ora ketang bijiku mepet. Sing penting wis paripurna.

Modalku basa Inggris lan basa Perancis isa kanggo njajah desa milang kori. Aku wis ngrasakke nyambut gawe neng limang negara lan dolan neng kira-kira selawe negara.

Jebul pepenginanku jaman cilik arep keliling ndonya isa keturutan. Matur nuwun bapak ibu guruku sing tansah nyengkuyung pasinaonku, saha swargi bapak ibuku kang kanthi sih tansah nyengkuyung anggonku ngupaya mujudake apa sing dadi pangajabku.

Ngulandara......

 

 

***skc***

 

@Sri Ratna Saktimulya, maturnuwun kersa proofread orek-orekanku, mbakyu.

Dapatkan reward khusus dengan mendukung The Writers.
List Reward dapat dilihat di: https://trakteer.id/the-writers/showcase.