Simbah Surjanan Neng Njaban Jendhela

Simbah Surjanan Neng Njaban Jendhela

Wektu kuwi kuliahku meh akhir semester, akeh ujian kang kudu tak lakoni. Ndilalah aku ana masalah karo pacarku mas Erye. Sawijining sore ana tamu ndhodhog lawang. Tak bukak, ana cah wedok mesam-mesem. Dheweke ngenalke jenenge Menur.

Sakwise tak kon lungguh, dheweke crita yen tepung raket karo mas Erye. Dheweke ngerti yen mas Erye kuwi pacarku. Terus ngandharake yen dheweke ngandhut merga mas Erye.

Muntap aku. Aku ngajak Menur marani mas Erye, nanjihke apa bener critane cah wedok iki. Yen uwis arep tak kon milih, aku apa Menur.

Tekan nggone mas Erye, untung uwonge ana. Geger nggone mas Erye. Kene wong loro dimanggakke. Aku njlentrehke masalahe. Apa bener si mas iki nuroni Menur. Menur ming ndhingkluk wae. Mas Erye ngakoni yen bener.

Peteng ndonyaku, untung aku ora semaput. Kamangka biyen, aku lan mas Erye wis janji bakal mbangun bebrayan agung sakwise kene wong loro lulus kuliah. Ambyar donyaku.

Aku mulih, tekan omah wis sore. Kamarku neng tingkat loro, aku wegah maem. Kamasku mlebu kamarku, diutus ibu ngerih-erih aku supaya aku gelem maem. Aku nangis, emoh maem, ora bakal kolu.

Putrane bapak ibu mung loro, kamasku mbarep, lan aku ragile. Tangisku ora bisa mandheg. Kamangka aku kudu ngrampungke tugas mata kuliah Drama saka swargi pak Bakdi Sumanto. Pancen ujianne digawa mulih "open book", lan dirampungke neng omah. 

Kamasku nunggoni aku neng kamar. Karo isih sesenggukan tak critakke menawa pacaranku karo mas Erye pedhot jalaran ana bocah wedok liya. Kamasku nggedhekke atiku. Wong lanang ora mung mas Erye thok. Pancen bener yen tak pikir-pikir.

Nganti tengah wengi aku ditunggoni kamasku. Aku isih kudu nggarap ujian Drama. Masku sayah, banjur mudhun arep bobuk. Nalika kuwi, ing njaba udan deres banget, banyune nggrojog kaya disokke saka langit. Swarane gludhug pating jleghur.

Aku krungu swara jendhela digedhor-gedhor banter saka njaba. Wong udan deres kok ana uwong nggedhor jendhelaku. Kamangka jendhelaku gedhe, ukuranne 1,5 m x 1,5 m. Aku nyawang menjaba, ana simbah-simbah udhengan, surjanan, brengose sakepel, tanganne ndhaplang. Medeni tenan.

Jendhelaku digedhor meneh karo ngendika.

" Tangi-tangi. Garapanmu gek dirampungke". Karo tetep nggedhor-nggedhor jendhela.

Lho iki mau lehku nangis nganti bablas keturon jebulane. Gage aku nyaut buku neruske nggarap tugasku. Aku wedi simbah sing gedhe banget kuwi, sing tanganne ndhaplang neng njaba jendhela yen njur mlebu kamar piye. Aku neruske nggarap nganti rampung. Njaba isih udan deres. Tak inguk simbah kuwi wis ora ana. Lega atiku.

Esukke awakku mriyang, balung rasane nggregesi. Waduh arep lara apa iki. Awakku pating pruntus, mligi ing sangisore dhadha mubeng tekan geger. Sakawak rasane adhem panas, lara kabeh.

Aku matur ibu awakku lara, rasane remuk kaya kunduran trek. Piye kuwi. Karo ibu aku dipriksakke dokter. Bareng dipriksa, jebul aku kena lelara "dhompo" utawa "shingles, herpes zoster". Merga imunitas medhun virus cacar banyu sing wis ana neng awakku nyerang maneh.

Wis komplit lehku cilaka, atiku remuk merga pedhot karo mas Erye, awakku remuk merga kena dhompo. Untung ujian semesteran Dramaku entuk biji B.

Aku ya matur marang ibu yen wengi nalika aku nggarap tugas kok ana simbah sing nggedhor jendhelaku, nggugah aku didhawuhi neruske nggarap tugas.

Ibu ngendika, "Oh kuwi simbah sing njaga omahe awak dhewe".

"Ora papa, rasah wedi. Ngelingke ta".

Woooo jebul simbah kuwi wong alus sing njaga omahku.

Crita bab si Menur, dheweke diragadi mas Erye supaya nggugurke kandhutane. Akhire Menur kawin entuk wong liya. Mas Erye kawin karo mahasiswine. Aku dhewe nemu kabagyan karo mas Kara, piyayi saka Bosnia.

Kacu diuntel-untel, cuthel.

 

Katur @mbakyu Sri Ratna Saktimulya, matur sembah nuwun nggih sampun proofread orek-orekanku.

 

 

***skc***

 

Dapatkan reward khusus dengan mendukung The Writers.
List Reward dapat dilihat di: https://trakteer.id/the-writers/showcase.